Ngati ati mlebu restauran Solo
*Ngati ati mlebu restauran Solo*
Kartolo mlaku-mlaku nang Solo ndelok Restoran sing ono tulisane ...
*"Mangano Sak Karepmu, sing mbayar Putumu sok mben....!!"*
Jarè Kartolo, "Wah cocok iki, Restoran ..." 😄
Terus Kartolo mlebu, pesen panganan sing enak-enak sampek *wareg...*‼
Sak wise ngono pas Kartolo kate metu kepethuk pelayane ... lha kok ngek'i bon tagihan...⁉ 😳
"Lho kandane, mabayare sok mben, sing mbayar Putuku .. ⁉" Kartolo rodok *nesu* 😡
Pelayane njawab karo mesem ..."Iyo Mas.., iki bon tagihane *Mbahmu* mbiyen..."
🤭😂🤣👍👏🤣🤣
Sing ngguyu tak dungakno rejekine akeh, sing mesem tok mugo2 larane ndang waras, yen sing mrengut kiro-kiro jatah e blonjo kurang 🤭🤣💃👏😩😛😁
Comments
Post a Comment